Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

pangarep-arepe supaya bisa makarya. “Dadi uwong ora duwe pancen rekasa, mula wiwit saiki kudu mandhiri lan mantepake niat kanggo kerja” kandhane Pak Tri. Kerja iku uga angel lan gampang, mulane ati kang ikhlas, sabar kudu ditrepake. Aja mung tansah nggugu omongane uwong liya, nanging ngugu karepe ati. Makarya wirausaha bisa kanggo ngurangi pengangguran ing masyarakat. Uga bisa wujudake karya-karya lan nyiptakake papan nyambut gawe sing becik.

Tri Harjanto uga aweh pitutur marang para wiranom, “Mungpung isih enom, ayo padha tumindhak sing bisa mbantu marang liyane. Gawe kerajinan lan pakaryan seni kang ngasilake rejeki, bisa nguripi keluarga lan liyane. Usaha-usaha kayata pengrajin, sing bisa mbukak lapangan kerja utawa bisa nggeret kanca nganggur luwih becik tinimbang kerja gedhe nanging dhuwite padha dikorupsi. Ana unen-unen kang bisa dadi patuladhan Sedikit.

Demi Sedikit Lama-Lama Menjadi Bukit iku sing dadi pedoman ing kerja. Aja mikirke gedhe ciliki duwit sing teka, nanging mikira sukses lan orane anggone makarya.

86

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~