karya ing Bali ing bagian pemotongan kulit. Drijine kepotong mesin, untunge ora parah, nanging dhrijine dadi ora kaya maune.
Pak Tri banjur nerusake anggone nyambut gawe ing ngomah, yaiku ana ing Gempolan Kulon Trirenggo Bantul. Dheweke gawe kerajinan Box. Yaiku kerajinan wujude kothak, persegi, lan liyaliyane. Pinggirane dirangkepi kertas, enceng gondhog, dhebog garing, biting kang wis dianyam. Pak Tri nge-Sub saka PT ATP sing mapan ing Jalan Pramuka Bantul. Sawise dadi, barang mau diekspor ing luar negeri. Pak Tri njupuk bahan-bahane kuwi dicocokake karo cacahe barang sing gawe. “ Bayare ora gedhe, nanging bisa nyukupi kebutuhan” kandhane salah sijining karyawane.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Saiki karyane Pak Tri ana 6, dumadi saka sing ora bisa nerusake sekolah. Iki minangka bukti menawa Pak Tri menehi papan nyambut gawe ora kudu sing gedhe. “Karepe ya pingin jupuk gaweyan lan karyawan sing akeh, lha ya piye nek papan sing dingo nyambut
gawe mung cilik”. Tuture Pak Tri karo ndhuduhake papan sing dingo nyambut gawe.
Apike wong nyambut gawe kuwi ora nyawang gedhe cilice papan lan barang sing digawe, nanging bisa tansah migunani marang liyane. Pesenan kerajinan biasane rame menawa taun baru lan sepi ing dhina lebaran. Menawa lagi rame karyawane nganti sepuluh munggah. Pak Tri biasane nampani karyawan sing ora nerusake sekolah lan sing duwe niat bisa nyambut gawe dadi pengrajin.
Iki kabukti lulusan SD bisa kreatif lan bisa nyengkuyung kanca sing padha nganggur. Dadi pengrajin ora diukur saka tingkat kelulusane anggone sekolah, nanging diukur saka niat lan
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
69