Endra Wahyu Wibowo
SMK “Putra Tama” Bantul
NIAT LAN DAYA
Kerajinan iku karya sing dumadi saka niat lan kreasi. Kerajinan kaperang ing bentuk, ukuran, lan warna. Kerajinan sing
dijlimeti dening Tri Harjanto ora kerajinan saka lempung, nanging
kerajinan saka karton, kertas sing wis didaur ulang, uga nggunakake Gunung Kidul. Senajan dheweke anake wong ora dhuwe,
semangat urip mulya wis ana ing jeron atine. Dheweke uga padha
bocah liyane, kang cilikane seneng dolan lan kerengan. Pak Tri
ming lulus SD, amarga uwong tuane ora duwe biaya kanggo ngragati sekolah sing luwih dhuwur.
Ing jaman saiki lulus SD ora bisa kanggo golek gaweyan utawa ora akeh ilmu sing bisa kanggo cekelan. Nanging Pak Tri ora nggubris perkara mau. Sawise lulus SD banjur lunga nyambut gawe ing Dlanggu taun 1986, kerja dadi pandhe besi. Bayare Rp 200 sedinane ing jaman semana. Mung rong taun anggone kerja ing Dlanggu. Bapak sing kagungan bojo siji lan anak siji iki nerusake nyambut gawe dadi kuli bangunan ing Riau, Sumatera, bagian penyiangan kertas. Taun 1989 Pak Tri pindah ing Bali. Ing kana makarya bebarengan karo kanca nggawe kerajinan kulit. Bayare Rp 50.000 sesasi.
“Nyambut gawe iku anggere atine awake dhewe ikhlas, rasane kepenak” mangkono pangandikane rikala disuwuni priksa kepriye rasane nyambut gawe. Ana alangan sethithik rikala
68
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~