Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PT Puri Saron kang nggulawenthah GPW yakin, waterboom kuwi bakal narik kawigatene masyarakat. Senajan ing Gembiraloka ya ana waterboom, nanging waterboom sing ana ing Bantul iki luwih gedhe lan konsepe cetha. “Dadi kita tetep optimis. Ora sah kuwatir senajan akeh saingane,’’ ngendikane Agung Raharjo saka Puri Saron.

Nalika ngresmekake GPW, Wabup Bantul Sumarno ngendika menawa madege GPW bisa nambah obyek wisata ing Bantul. Saprene andalan utama wisatane Bantul yaiku Parangtritis. Kaajab arus kunjungan ing Parangtritis bisa tambah awit GPW mapan ing Jalan Parangtritis.

***

Saben dinane GPW bukak jam 08.00 tekan 18.00. Sadurunge kita lumebu GPW, ing lawang ngarep ana pamariksan isi tas dening 2 tekan 3 petugas. Pengunjung ora oleh nggegawa wedang lan panganan saka njaba.

Ing njero GPW sumadiya akeh dolanan sing nyenengake. Ing tahap I saiki, wis ana blumbang lelangen cacahe papat. Ora keri ana food court sing nyedhiyani maneka warna panganan khas Indonesia. Kaangkah, ing tahap II bakal kabangun wahana tambahan, yaiku blumbang ombak, papan dolanan boomerang, lan liya-liyane. Dene ing tahap III arep dibangun cottage kanggo panginepan sing cakrike mligi.

Fasilitas lan wahana sing ana saiki yaiku, sepisan, Kolam Seni Olympic sing jerone 1-1,5 m lan ambane 481,25 m2. Banyune lumayan anget. Kapindho, Kolam Penerima sing jerone 60-90 cm lan jembare 350 m2. Ing blumbang iki ana wahana racing slide cacah 2 lan water slide cacah 4 sing dhuwure beda-beda. Dene menara water slide dhuwure 12 meter.

Katelu, Kolam Arus sing jerone 1,35 m, jembare 2,75 m, dawane 175 m, lan ambane 577,25 m2. Blumbang iki iso kanggo balapan nglangi awit dawa banget. Kapapat, Kolam Batita sing jerone 20-40 cm lan ambane 350m2. Ing blumbang iki ana wahana ember tumpah, water playground, lan water slide cacah 2 mligi kanggo bocah.

66

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~