Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Hevin Elma Artiningrum
SMA Negeri 1 Sedayu


BLUMBANG GAGAH CEDHAK PASAR
LAN SAWAH


Pesisir Parangtritis, Depok, Samas, Kuwaru, makam Imogiti, desa keramik Kasongan, Guwa Selarong, lan Pasar Seni Gabusan. Iku kang mesthi kasebut yen kita meleng papan-papan wisata ing Bantul. Kabupaten kang dumunung ing iring kidul Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta iki pancen sugih pesisir, sejarah, lan seniman.

Nanging, wiwit Mei 2011, Bantul duwe obyek wisata anyar kang aran Grand Puri Waterpark (GPW). Papane ing Jalan Parangtritis Km. 9,5 alias cedhak Pasar Seni Gabusan. Pambukane GPW dileksanani dening Wakil Bupati Bantul, Sumarno, lan Direktur Puri Saron, Putra Suhartana.

***

GPW madeg ing lemah sing jembare 3,1 hektar kanthi status sewa. Rega sewane Rp 10 juta saben hektar per taun. Lemah iku kas desa Timbulharjo. ”GPW kabangun nganggo konsep resort, nganggo wit-witan sing akeh supaya pengunjung waterboom luwih nyaman lan betah,” ngendikane Joko Susilo, tim perencana saka Puri Saron.

Joko njlentrehake, ing papan waterboom kuwi sumadya blumbang lelangen mligi kanggo bocah, disartani “tong tumpah” sing isi banyune 30 meter kubik. Kabangun uga blumbang kanggo ngenggar-enggar penggalih, yaiku kolam sing tengahe ana mini bar-e, saengga pengunjung bisa leyeh-leyeh sinambi mirsani kahanan sakiwa-tengene.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

65