Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dina Oktaviani salah sijine para pandhemen ngandharake, ”Pesisir Kuwaru kuwi papane kepenak kanggo kumpul-kumpul bareng karo kanca-kanca. “Beda maneh karo Tika Marwanti. Dheweke mratelakake “Aku luwih seneng Pesisir Kuwaru sadurunge dadi papan wisata, amerga luwih penak kanggo ngentekake wektu bareng karo kanca-kancaku. Lan saiki Pesisir Kuwaru uga saya suwe saya mengalor.”

Andharan sarwa ringkes lan prasaja iki, nuduhake menawa Pesisir Kuwaru cocok banget minangka papan wisata. Apa maneh ing dina liburan utawa dina Minggu kahanane pancen rame. Nyata lamun pesisir Kuwaru pantes sinebut salah sawijining pesisir kang seru.

64

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~