Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Papan wisata ing Kabupaten Bantul puniao sampun kathah, nanging saben-saben papan mesthi anggadhahi ciri khasipun, kulo jamin menawi kita dhateng wonten ing papan kasebut mesthi mboten getun. Amargi lingkunganipun taksih asri katah wit-witan lan sak piturute. Kulineripun papan punika raosipun mboten kalah kalihan papan-papan sanesipun. Menawi kepengen mundhut oleh-oleh wonten ing papan punika wonten manika warna jajanan kanthi milih kiyambak pesen ugi saged.

Mangga, kitha tiyang Ngayogyakarta, menawi badhe plesiran mboten sah medhal kutha, ananging kenali rumiyin papan-papan wisata Ngayogyakarta ingkang mboten kalah eksotik kalihan papan-papan ing jaban kutha. Ugi mangga kitha sesarengan mbangun ningkataken potensi-potensi wisata ing daerah kitho lan mboten luput menawi kitha ngrawuhi papan wisata Watu Ngelak.

***

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

61