Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pak Bupati, kathah tiyang ingkang kepingin lan tertarik tumut mancing wonten kirang langkung atusan tiyang.” Ngendikaniun naliko kulo suwuni pirsa wonten sela-selanipun mancing.

Wonten ing mancing punika, saking pihak Pokdarwis nyediakaken ulam kirang langkung 2,5 kuintal dumadi saking iwak bawal lan iwak lele. Wonten ing adicara mancing punika pihak penyelenggara mboten nariki arta dhening pengunjung. Amergi mbludakipun tiyang ingkang badhe nderek mancing, pokdarwis nyediakaken mblumbang iwak ing sakcelakipun.


Ancasipun Bapak Ngadiana, wisata toya Watu Ngelak punika saged dipun kenal dhening masarakat ugi dipunpitados paling efektif kagem narik wisatawan supados purun dhateng tumuju ing papan punika. Wonten Wisata Watu Ngelak punika kasedia papan pemancingan kagem sak dinten-dintenipun. Sakliyanipun nyediakaken ugi perahu kagem nyusuri Kali Opak wonten wilayah sakcelakipun. Kanthi perahu punika masarakat saged ngraosaken panorama wonten ing sakcelakipun Watu Ngelak.

Salah sawijining pengunjung Suparno (34) saking Jetis ngendika, sakwise deweke ngerteni anane kegiatan mancing gratis kalian Bupati Bantul punika, deweke banjur dhateng tumuju wonten ing papan wau badhe nderek mancing. “Sajatosipun kulo niku remen mancing wonten kali, katimbang mancing dateng blumbang, ananging mboten dados menapa kula sampun niat dherek kegiatan mancing menika menapa maleh dhateng kalihan konco-konco sakdesa.” Tegas Suparno.

60

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~