loro liyane. Emane, angel anggone bakal niteni sapa sing digambarake dening Jaladwara iki. Amerga akeh bab kang angel kanggo niteni, yaiku saliyane wujude kang ora lumrah, Jaladrawa mau ukirane luwih alus.
Rada mlebu, ana lumpang-lumpang kang katata rapi lan kahanane isih apik. Lumpang-lumpang iku biasane digunakake kanggo salah sawijining piranti pangibadah. Nanging lumpang kang ukurane gedhe kang ana ing museum kuwi biasane kanggo sarana rikala gawe keris.
Ing plataran museum iki ana salah sawijining stupa kang dadi pralambang umat Budha. Ing jero museum iki uga ana reca Nandi titihane dewa Shiwa. Saliyane kanggo tumpakan, reca Nandi uga kanggo piranti pangibadah. Rada beda karo Nandi liyane, ing kene Nandine bolong seka pucuk nganti ngisor. Sajake, nandi iki biyen kanggo salah sawijining pancuran.
Apa wae barang-barang kang ana ing sajerone museum? Ing sajerone museum ana reca kang akeh cacahe. Salah sawijining reca yaiku reca Ganesa lan reca Agastya kang kahanane isih apik. Ing kene uga ana glundhungan saka watu putih cacahe ana telu. Saliyane kuwi, uga ana salah sawijine yoni kang kahanane uga isih apik.
No | Aran | Bahan | Asale |
---|---|---|---|
1 | Umpak | Watu Andesit | Kerto, Pleret, Bantu |
2 | Talam | Perunggu | Gedongan, Srimulyo, Piyungan |
3 | Alu | Watu Andesit | Guwosari, Pajangan, Bantul |
4 | Lumpang Batu | Watu Andesit | Guwosari, Pajangan, Bantul |
5 | Pipisan | Watu Andesit | Grojogan, Tamanan, Banguntapan, Bantul |
6 | Gandik | Watu Andesit | Sampangan, Mantup, Baturetno, Banguntapan, Bantul |
7 | Yoni | Watu Andesit | Panjangjiwo, Patalan, Jetis, Bantul |
8 | Fragmen Meriam | Perunggu | Jambon Bawuran Bantul |
9 | Artefak | Watu Andesit | Mantup, Baturetno, Banguntapan, Bantul |
10 | Komponen Bangunan | Watu Putih | Guwosari, Pajangan, Bantul |
11 | Arca Ganesa | - | Somokaton, Sitimulyo, Piyungan, Bantul |
54
~Bantul Sangsaya Pinunjul~