Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

khianat marang Mataram. Crita liya nyebutake menawa sing dikubur ing undhak-undhakan iku Gubernur Jenderal Belanda, Jan Peterson Coen.

Wong-wong sing arep mlebu pasarean kudu nganggo busana Mataraman. Sing kakung nganggo busana pranakan, yaiku beskap ireng utawa biru tuwa garis-garis, ora nganggo keris. Lan sing putri nganggo kemben. Kanggo putra lan putri raja, ana paugeranne mligi, yaiku sing kakung ngagem beskap tanpa keris, sing putri ngagem mbayak.

Bangunan-bangunan ing pasarean iki duwe sejarah lan keunikane dhewe-dhewe, kayata Mesjid Pasarean Imogiri kang dianggo sholat dening para abdi dalem, Gapura Supit Urang regol mlebu pasarean kang wujudw kaya gapura ing Bali, regol pasareane Raja-raja Surakarta, regol pasareane Raja-raja Ngayogyakarta, genthong Kyai Mendung saka Rum (Turki), lan genthong Nyai Siyem saka Siam (Thailand) kang dipercaya bisa ngobati lelara.

Saka lakune sejarah lan mawarna-warna kekhasane iku, kita bisa migunakake Pasarean Pajimatan Imogiri minangka papan wisata lan papan pasinaon. Kita aja nganthi nglalekake, apa meneh ninggalake papan wisata Pasarean Para Raja Imogiri iki. Kanthi mengkono kita uga bisa nguripi warga masyarakat sakiwa-tengene makam sing golek pemetu kanthi cara dadi “gaet” (guide) utawa pemandu wisata, dodolan panganan, parkir, lan liya-liyane.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

51