Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sholat ing Makkah mula kepengen disarekake ing Makkah. Nanging amarga mawarna-warna sebab, pepenginan iku ditolak kanthi cara alus dening pangarsa agama ing Makkah. Kanggo gantine piyambake entuk sakepel wedhi. Sultan Agung dijurungake supaya wedhi iku diuncalake ing lemah Jawa. Papan sing ketiban wedhi kuwi bakal dadi pasareane Sultan Agung.

Kacarita, wedhi kuwi tumiba ing Girirejo, nanging ing kana bapa pamane Sultan Agung, Gusti Pangeran Juminah (Sultan Cirebon) wis nunggu lan njaluk disarekake ing papan kuwi. Mula Sultan Agung nguncalake wedhi kuwi maneh, lan tiba ing Pareden Merak, ya sing saiki dadi Pasarean Pajimatan Imogiri.

Pasarean Imogiri keperang dadi 2 bagean, yaiku sisih wetan kanggo pasarean para raja Kasultanan Ngayogyakarta lan sisih kulon kanggo pasarean para raja Kasunanan Surakarta. Raja Mataram sing miwiti disareake ing Pasarean Pajimatan Imogiri yaiku Sultan Agung Adi Prabu Hanyokrokusuma kang seda ing taun 1645.

Para Raja Mataram kang disareake ing Pasarean Pajimatan Imogiri, yaiku: Sultan Agung Hanyokrokusuma (1613-1645), Amangkurat I (1646-1677), Amangkurat II (1677-1703), Amangkurat III (1703-1705), Paku Buwana I (1705-1719), lan Amangkurat IV (1709-1727). Saka Kasunanan Surakarta, yaiku: Paku Buwana II (1745-1749), Paku Buwana III (1749-1788), Paku Buwana IV (1788-1820), Paku Buwana V (1820-1823), Paku Buwana VI (1823-1830), Paku Buwana VII (1830-1858), Paku Buwana VIII (1858-1861), Paku Buwana IX (1861-1893), Paku Buwana X (1893-1939), Paku Buwana XI (1939-1945), lan Paku Buwana XII (1945-2004). Saka Kasultanan Ngayogyakarta, yaiku: Sultan Hamengku Buwana I tekan Sultan Hamengku Buwana IX. Dene para raja kang ora disarekake ing Pasarean Imogiri, yaiku Panembahan Senopati lan Sultan Hamengku Buwana II sing disareake ing Astana Kotagede.

Ing salah sijine undhak-undhakan ana nisan sing didadekake undhak-undhakan supaya diidak terus dening wong sing liwat,

yaiku nisan pasareane Tumenggung Endranata, sebabe dianggep

50

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~