Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

merbawani. Papan wisata iki dumunung ing sisih kidul kutha Ngayogyakarta, utawa penere ing dhusun Pajimatan, Girirejo, Imogiri, Bantul.

Pasarean Pajimatan Imogiri mapan ing pucuk pareden (pegunungan) Sewu kang dhuwur. Supaya kita bisa tekan ing papan iku, kita perlu munggah undhak-undhakan sing cacahe 340 iji. Miturut masyarakat ing kono, ana cara supaya bisa tekan pasarean nanging kita ora cepet kesel, yaiku kanthi lumaku zig-zag utawa menggak-menggok. Para abdi dalem uga migunakake cara iki kanggo munggah tumuju pasarean.

[* File contains invalid data | In-line.JPG *]Senajan kudu munggah undhak-undhakan sing akeh lan gawe kesel, akeh wong sing ngitung undhak-undhakan iku amarga ana piyandel (mitos) mangkene: sing sapa bisa ngetung undhak-undhakan kanthi bener, panjaluke bisa kawujud.


Sawise tekan pasarean, kita bisa ndelok laladan (kompleks) pasarean sing kabangun taun 1632-1640 M awit dhawuhe Sultan Agung Adi Prabu Hanyokrokusuma, Raja Mataram kaping telu, tedhak turune Panembahan Senopati, Raja kapisan Negara Mataram Islam.

Miturut buku Riwayat Pasarean Imogiri Mataram, mula bukane pambangunan pasarean yaiku saben Jemuwah Sultan Agung

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

49