Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
.***

Sedina sadurunge upacara Nguras Genthong kelakon, ana tradhisi utawa upacara Ngarak Siwur. Siwur yaiku cidhuk sing digawe saka bathok klapa lan gujengane saka pring. Upacara Ngarak Siwur diayahi dening para abdi dalem Pasarean Pajimatan saka Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta.

Esuk candhake, upacara Nguras Genthong banjur kalaksanan. Rerangkening upacara yaiku pambuka, tahlil, wilujengan, donga ngalungake roncen kembang ing genthong utawa enceh, lan njupuk banyu genthong utawa “banyu kong” dening abdi dalem sing duwe pangkat Tumenggung utawa Raden Ngabehi. Sawise kuwi abdi dalem bisa njupuk banyu cidhukan. Pungkasane, warga masyarakat lagi oleh njupuk banyu genthong utawa “banyu kong” iku. Bebarengan karo kuwi, warga masyarakat uga oleh njupuk lorodan sesajen.

Sawise upacara Nguras Genthong rampung, biyasane wongwong sing teka ing saundhering pasarean banjur nglakoni ziarah, mligine ing pasareane Sultan Agung Hanyakrakusuma. Adat sabene, wong-wong padha duwe panyuwunan kanthi lantaran para abdi dalem. Wong-wong banjur menehake wungkusan kembang lan wajib awujud dhuwit marang abdi dalem kuwi.

Miturut abdi dalem, R. Mangun Pamujo (69), banyu genthong kuwi luwih mujarab yen banjur diombe. “Luwih apik diombe langsung mbangane diwisuhke amarga luwih malebu ing njeron awak. Tur aja dimasak, amarga khasiate isa ilang.”

Tradhisi sing kaya mengkono luwih becik yen tetep kajaga supaya lestari ing tembe mburi. Para kadang mudha kudu njaga supaya tradhisi iku ora ilang, kudu njaga supaya sejarah kang kamot ana ing budaya sing adiluhung iku dimangerteni kanthu turun-temurun. Apa maneh ana sawetara seni lan tradhisi kita sing didhaku (di-klaim) dening bangsa liya.

***

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

47