Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lan ogkose parkir pit uga kurang luwih Rp2.000,00. Amarga rega karcis kang murah iki, mula akeh para wisatawan kang ngisi preinan kanthi tindak wisata ing Guwa Selarong.


Guwa Putri

Ana sesawangan endah liyane yaiku grojogan sing mapaning sisih tengen Guwa Putri kang bisa disawang seka gardu pandang. Ananging ing mangsa ketiga grojogan iki iline mung cilik. Papan liyane sing adat sabene dijujug dening para wisatawan yaiku Sendhang Maya Manik kang duk jaman semana diagem siram lan wudhu dening Pangeran Diponegaro. Ana sendhang siji manah yaiku Sendang Umbul Mulyo kang biasane dianggo dening para warga kanggo masak lan umbah-umbah.

Ora adoh seka Guwa Putri lan Kakung utawa ing sisih kidule, ana Ompak Mesjid, rikala samana diagem dening Pangeran Diponegoro minangka ancik-ancik rikala mimpin salat bebarengan. Ananging Ompak Mesjid lan wewangunan mesjid wis ora bisa diprangguli maneh.

Kahananing papan wisata Guwa Selarong iku saiki mrihatenake banget, akeh corekan ing kiwa-tengen guwa kang ditindakake dening wisatawan kang ora duwe rasa tanggung jawab lan lan nglanggar pranatan. Senadyan wis ana larangan ora

42

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~