Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kahanan kuwi, para warga banjur migunakake apa wae sing ana ing saubenging desa, klebu lemah lempung sing akeh tinemu ing pekarangan omah. Lemah lempung iku banjur digawe mawarna-warna piranti kanggo nyukupi butuh, kayata genthong, kuwali, pengaron, kendhi, kendhil, keren, anglo, lan cowek. Mengkono iku crita cekak sejarahe Kasongan.

Sapa ora tepung Kasongan? Papan sing dumunung ing iring kidul bumi Ngayogyakarta iku moncer awit ngasilake grabah. Ing buku pelajaran ilmu bumi, bocah-bocah SD saindhenging Nusantara mesthi wis tepung karo Kasongan. Minangka pusering kerajinan grabah, Kasongan pranyata sugih bahan dhasar lemah lempung. Jinis lemah iki pancen kamot ngebaki wetenge bumi Kasongan.

Rodhaning jaman mubeng gingsir-gumanti. Apa Kasongan saiki isih tetep ngasilake genthong, kuwali, pengaron, kendhi, kendhil, keren, anglo, lan cowek?

Grabah sing kagawe ing Kasongan saiki mawarna-warna. Beda karo jaman mbiyen. Kerajinan grabah Kasongan saiki uga ngetutake ombyaking zaman. Kabudayan kang saya maju uga meksa para perajin tansah nganyarake grabah sing digawe supaya bisa katampa dening pasar ing mancanegara.

Ombyaking jaman kang ditengeri mlebune budaya moderen lumantar media elektronik, telekomunikasi, lan pariwisata nggawa owah-owahan ing Kasongan. Grabah utawa keramik kang digawe lan didiol ana ing Kasongan warna-warni banget. Wiwit saka piranti cilik lan unik sing biyasane kanggo candranetra manten, tekan piranti lampu hias, patung, lan sak panunggalane. Sekaran (motif) keramik sing paling akeh tinemu ing Kasongan yaiku corak saka Bali lan Thailand.

Ora mung kuwi. Para pengrajin uga gawe thethek bengek piranti kanggo mangun omah, kayata kembang-kembangan saka klobot jagung lan suwiran kayu, parabotan kang kagawe saka pring, topeng kayu, lan liya-liyane.

Ing sakiwa-tengene dalan Kasongan, saiki kagelar pameran-pameran ana ing galeri-galeri keramik kang ngedol piranti, parabot,

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

37