Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Adik Nurul Ummah
SMA Negeri 1 Sewon

KASONGAN NGETUTAKE
OMBYAKING JAMAN


Wektu iku Ngayogyakarta isih kajajah Walanda (Belanda). Sawijining dina, ing sawijining papan ing iring kidul Ngayogyakarta, ana kadadeyan kang nggegerake warga. Dumadakan sawijining jarane saradhadhu Walanda tinemu mati ana ing sawah desa kono.

Amarga kaweden didakwa mateni jarane saradhahu Walanda, para warga sing nduweni sawah banjur padha ora ngakoni sawahe. Mula para warga banjur kelangan pemetu saka sawahe sing seprana-seprene dadi sumbering urip kulawarga. Ngadhepi

36

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~