Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mbah Madisah dadi salah sawijining tuladha kang sabar lan tlaten ngadhepi tuna kliwate anggone dodolan. Dheweke duwen gegebengan (prinsip) menawa wong bisa mlaku kuwi ana lakune. Saka mbrangkang, rambatan, ngadeg, banjur mlaku. Wong mlaku kuwi ya durung mesthi bakal jejeg terus, nanging mesthi bakal tiba, embuh kapan wektune. Mula menawa lagi tiba utawa gejeglong, alon-alon rambatan supaya bisa madeg maneh. Sawise bisa madeg, banjur mlaku alon-alon supaya ora tiba maneh. Kathi tlaten lan sabar mau, saiki usaha dodolan pandhan mau bisa tetep mlaku. Kasile bisa kanggo ngentaske anak-anake. Pancen pandhan kang padha dianggep sepele mau aji banget kanggo kulawargane Mbah Madisah. Bisa kanggo cagak urip.

Mbah Madisah, wanita sepuh kang prakosa iku, yakin menawa nyambut gawe apa wae, yen dilakoni kanthi tumemen, mesthi bakal nuwuhake hasil.

***

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

35