Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Nalika taun 1995, wanita sepuh lairan 1930 iku nyoba ngolah pandhan eri kang mblasah ing sakiwa tengene omah. Kanthi tlaten dheweke ngolah pandhan sethithik mbaka sethithik. Madisah pancen prigel ngolah pandhan, marga wis kulina tandang gawe wiwit ditinggal ibune. Dheweke uga ora mbacutake anggone sekolah marga ngewangi bapakne nguripi adhi-adhine. Saka kuwi mau dheweke banjur tumemen nyambut gawe.
Madisah nyeseti eri-eri ana ing pandhan supaya ora nyocok menawa digujengi. Pandhan mau disuwiri banjur digodhog supaya mateng. Sawise mateng, pandhan banjur dikum banyu. Pungkasane, pandhan dipepe supaya garing.
Menawa wis mateng lan garing, pandhan-pandhan kuwi bisa dadi dhuwit utawa didol. Pandhan didol kanthi rega Rp 4.500,00 saben kilone. Nanging yen diteruske nganti dadi tali utawa tampar pandhan, sekilone bisa payu Rp 10.000,00 nganti Rp 11.000,00 yen garapan luwih cilik lan alus. Kejaba dianggo gaweyan dhewe, Mbah Madisah uga duwe tenaga sing ngrewangi nggarap. Saben sekilo tampar, opahe Rp 4.000,00 utawa Rp 5.000,00 menawa dadine luwih alus lan apik. “Bathine nggih mboten sepiroa, ning nggih saged kangge tumbas kinang,” ujare Mbah Madisah.
Pandhan uga ora mesthi payu saben dinane, amarga ora mesthi ana sing mbutuhake. Pancen kudu sabar olehe ngenteni pepayon pandhan kuwi. Biyasane pandhan mau dijupuk dening
32
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~