Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


dipilih dening masyarakat. Rasa sagon bisa ditambahi utawa dicampur nganggo bahan-bahan moderen, kayata coklat, keju, lan essen. Wujud lan racikane bisa katata (dimodifikasi) nganggo wujud-wujud sing disenengi bocah cilik, lan diwungkus nganggo plastik bening sarta dipacak nganggo pita maneka warna.

Wujud, racikan, lan wungkusan sing narik ati mesthi misa ndudut kawigatine masyarakat saengga ora ninggalake sagon lan panganan tradhisional liyane. Muga-muga sagon lan sawernane panganan tradhisional ora ilang ing omahe dhewe.

30

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~