Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Akeh sing padha ngungun, ngapa kok usaha sagon iki isih lumaku ing jaman kaya mangkene. Wewadine mung sarwa prasaja, yaiku njaga mutu bahan baku lan tetep migunakake piranti tradhisional. Satemah rasane sagon asli bisa kajaga. Eloke maneh, senajan warung iku ora duwe jeneng resmi, nanging sagone wis sumebar nganti tekan njaban tlatah pulo Jawa — utamane Sumatra lan Kalimantan — awit digawa dening para wisatawan kang plesiran ing Ngayogyakarta.

Pancen saingan ing bisnis sagon ora akeh. Apa maneh rega bahan baku terus mundhak, ora imbang karo regane sagon sing ora bisa sawayah-wayah melu mundhak. “Yen rega krambil, gula, lan ketan mundhak, rega sagon ora njur melu mundhak. Mengko ndhak dho ora sida tuku. Luwih becik oleh bathi sithik, ning usaha tetep mlaku,” mangkono ujare Pak Wari.

Sejatine sagon ora mung khas Wiyoro awit ing mangsa-mangsa kapungkur, sagon dadi salah sijine panganan khas Ngayogyakarta. Telung puluhan taun kepungkur, ing sadhengah papan ing Ngayogyakarta akeh tinemu wong dodol sagon. Minangka panganan tradhisional, sagon umume awujud bunder, ukurane sedhengan, warnane campuran coklat, kuning, lan putih. Bahan utama saka parutan krambil lan beras ketan putih kang wis digiling. Bahan kasebut banjur dicampur karo gula pasir lan uyah sacukupe.

Sejatine akeh cara kanggo matengake panganan iki, wiwit cara tradhisional nganti cara moderen. Cara tradhisional marisi kabiyasane simbah jaman mbiyen yaiku nganggo wajan sing digeneni nganggo anglo lan areng. Dene cara moderen migunakake piranti-piranti elektronik.

Cara kerjane “oven” tradhisional mung gampang. Areng ing anglo diubupi nganti morang-morang mrengangah abang. Jenangan sagon sing wis cumawis banjur diiling ing wajan. Banjur wajan ditumpangake ing anglo lan dibengep nganggo tutup alumuniun kang uga diwenehi areng panas. Cara iki saktenane ribet lan marahi panggonane reged kena awu areng. “Nanging kaluwihane bisa ngirit wektu. Le manggang cukup telung menit,

28

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~