Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA
KEPALA BALAI BAHASA YOGYAKARTA


Kanggo ningkatake ketrampilan nulis basa Jawa para siswa SMA/SMK/MAN, Balai Bahasa Yogyakarta taun iki ngadani adicara Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa kanggo para siswa SMA/SMK/MAN sa-Kabupaten Bantul. Adicara kasebut uwis diadani tanggal 12, 19, 26 Juni nganti tanggal 3, 10, 17, 24, 31 Juli 2011. Adicara mau dibimbing dening para tutor kang wis duwe pengalaman akeh, kayata P. Ari Subagya (Universitas Sanata Dharma Yogyakarta), Yohanes Siyamta (Universitas Atmajaya Yogyakarta), Agus Prasetya (ISI Yogyakarta), lan Lephen Purwaraharja (ISI Yogyakarta).

Gladhen ing bengkel ngancas supaya para siswa bisa nulis feature lan drama. Hasile banjur dibukoke ana ing antologi geature 25 judhul lan drama 15 judul.

Lumantar antologi iki muga-muga upayane Balai Bahasa Yogyakarta kanggo ningkatake kaprigelan nulis feature lan drama nganggo basa Jawa bisa kanggo tuladha mungguh panganggone basa kang bener ing media cetak. Pungkasan, muga-muga antologi iki isa migunani tumrap masarakat, utamane kawula mudha.

Yogyakarta, Juli 2011

Kepala Balai Bahasa Yogyakarta,


Drs. Tirto Suwondo, M. Hum.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

iii