Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/383

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

TUMINO KARO PENDEEK BANJUR MLEBU.... TUMINI MLEBU NYELOK BAPAKNE NING NJERO KARO GAWE WEDANG. TUMINO KARO PENDEK LINGAK LINGUK NDELOK BARANG BARANG NING OMAHE PAK RT APIKAPIK LAN KETOK LARANG LARANG. BANJUR CAH LORO MAU RASAN RASAN.

Tumini: “paaaaakkkkkk....... pak’e goleki”

Pak RT: “sopo tow nduk kok le jerat jerit( karo nyeraki anak’e)”

Tumini: “kae ning ngarepan pak tiliki wae”

Tumino: “sssssttttttttt..... ndek pendek ndene”

Pendek: “ono opowe?(swarane rindik koyo wong bisik bisik)”

Tumino: “kae lho barang barang nggone pak RT ki apik apik lan ketok larang....”

Pendek: “ho’o jew iki..... mosok yo le arep maling ning kene?”


PERTENGAHAN PODO OMONG OMONGAN PAK RT TEKO....

Pak RT : “hm hm hm...”

Pendek :“(kaget)”

Tumino :“owh pak RT....”

Pak RT :“sopo yo iki le?”

Tumino :“kulo tumino lan pendek pak”

Pak RT :“arep ngopo le, kok awan awan mbene?”

Pendek :“iki pak badhe nyerahke data data pindahan sing di isi ning nggone pak dukuh mau”

Pak RT :“ow alah.... pindahan seko ngendi le?”

Pendek :“saking kalimantan pak. Badhe merantau”

Pak RT :“kok adoh men, lha ning kene arep manggon ning ngendi?”

Tumino :“nge kos gonne pak sumono pak..”

Pak RT :“owh.. yow yow..... lha iki wis komplit data datane?”

Pendek :“sampun pak.....”

362

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~