BABAK VI
Adegan 1
PERANG WEKTU IKI PANCEN RAME ING SADHENGAH PAPAN MAJAPAHIT. WADYABALA BLAMBANGAN NEKAD NGANGSEK WADYA BALA MAJAPAHIT, RATU KENCANAWUNGU ENGGAL NDHAWUHI NGAWONTENAKEN PISOWANAN
099. SEDAYA: Sembah bekti kula Gusti Ratu!
100. KENCANA WUNGU : Bektimu ingsun trima.Ingsun ndadak nimbali, amarga negara awake dhewe lagi trintim. Kepriye dhawuh Ingsun? Wo patih Harya Logendeng ?
101. PATIH HARYA LOGENDENG: Sampun Gusti Ratu. Ee.. kula sampun ndhawuhaken Staf Kepatihan. Nanging...
102. KENCANA WUNGU : Cekap Wa Patih! Kakang Menak Koncar wonten laporan menapa, mangga?
103. MENAK KONCAR : Nuwundalem sewu Gusti Ratu.. Miturut laporan, satria ingkang asmanipun Damar wulan punika sampun kula cek ing desa Paluhamba, nanging satria wau sampun tindak saking Paluhamba.
104. PATIH HARYA LOGENDENG : Huuh ngoyoworo... ra ana ki ya ra ana. Kakehan alasan pertengseng! Lha, kajaba Seto- Kumitir kuwi jelasana.
105. MENAK KONCAR : Ki Patih, Panjenengan punika gadhah sesakit ngendikan, inggih?
106. PATIH HARYA LOGENDENG : Adhi Koncar!
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
355