BABAK IV
Adegan 1
SAKWISE MLAKU RADA ADOH, DAMAR WULAN KEBLASUK NENG DALEME KIPATIH HARYA LOGENDENG LAN LANGSUNG DIDHAWUHI DADI TUKANG NGOPENI JARAN.
057. DAMAR WULAN : Dhiajeng Anjasmara, ana apa teka mrene?
058. ANJASMARA : Oooo...ra papa Kakang.
059. DAMAR WULAN : Ya wis nek ngono.
Adegan 2
KANTHI MENENG-MENENG LAYANG SETO LAN LAYANG KUMITIR NGINDHIK ANJASMARA.
060. LAYANG SETO : Anjasmara..a! ( DUKA )
061. LAYANG SETO : Ooo.. dadi ngene to? ( NESU ) Anjasmara..... Apa kowe lali, yen kuwe kuwi putri kepatihan. Putrane Rama Patih Harya Logendeng, pejabat terhormat. Isa-isane sira tumindak ora prayoga ing Kepatihan. Anjasmara... Anjasmara.
062. ANJASMARA : Nyuwun sewu Kakang Seto lan Kakang Kumitir, Anjasmara tresna marang Kakang Damar Wulan.
063. LAYANG KUMITIR : Tresna...tresna? Emploken kuwi tresna. He, Damar Wulan! Adol bagus kowe, dadi tukang jaran we, wis kemaki.
064. LAYANG SETO : Dasar cah ndeso, katrok. Dhimas Kumitir, diaturke Rama wae.
065. ANJASMARA : Ampun Kakang, ampun dipunaturaken Rama.
066. LAYANG SETO : Ora iso! Sliramu kudu tak laporake kanjeng Rama. Dhimas, Rama diaturi tindak mrene.
067. LAYANG KUMITIR : Sendika Kakang.
352
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~