046. DANA SWARA I : Wara-wara, Negara nggoleki satriya kang wani ngasorake Menakjingga saka Blambangan, arep diangkat dadi senopati perang, lan nampa bebungah saka kraton.
047. DANA SWARA II : Sik – sik... kosik!
( KAGET ) : Bebungah saka Sri Ratu ki, apa ya awake dewe ora entuk?
048. DANA SWARA I : Huuus, kowe ki kok ngono.
049. DANA SWARA II : Iya...iya.
Adegan 2 :
ORA DISENGAJA, DAMAR WULAN KRUNGU WARA-WARA IKU, BANJUR MELU- MELU LIYANE NGRUNGOKAKE WARA-WARA. SAKING GREGETANE DAMAR WULAN NGACUNG.
050. DAMAR WULAN : Pak Dono Swara, kula badhe taken, menawi bandhe dhateng Majapahit menika merginipun medal pundi nggih? Kula badhe golek gawean.
051. DANA SWARA I : Damar Wulan, iki ana kalodhangan kanggo kowe.
052. DANA SWARA II : Saka Sang Prabu Putri Kencana Wungu, sapa sing bisa ngasorake Adipati MENAK Jingga saka Blambangan bakal diangkat dadi prajurit lan diparingi bebungah.
053. DAMAR WULAN : Bab niku gampang waton kula ditampa lan diparingi gawean.
054. DANA SWARA I : Damar Wulan gandheng aku karo Adhi ana jejibahan liya, dadi ora isa bareng. Kowe tak wenehi ancerancar wae ya! Sesuk budhala dhewe njujug alun- alun Majapahit.
055. DAMAR WULAN : Nggih- nggih kula benjang enggal badhe bidhal.
056. DANA SWARA I : Yoh, nyangoni slamet.{{rh|~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~||351}