Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/371

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

038. BONCIL : Mbah, Mbah... wungu!! Pisowananipun sampun rampung. Mbah wungu Mbah!

039. PATIH HARYA LOGENDENG: Heeee... (kaget). Woo lha....wis bali, ta? Wong tua je, di tinggal. Kok ya tega? Jaan...Dho sentimen tenan. Ya wis, ayo Le, simbah di terke mulih.

040. BONCIL : Inggih mbah.


BABAK III

Adegan 1

AWAN-AWAN, DAMARWULAN, CAH DESA PALUHAMBA, LAGI ANGON WEDHUS SINAMBI RERASAN.

041. DAMARWULAN : Eaalah....nasib – nasib, dadi wong cilik, mlarat, uripe pancen susah tenan, nanging lelakon iki kudu tak lakoni kanthi ikhlas. Urip sak dermo nglakoni...


ING SAPINGGIRE DAMAR WULAN ANGON WEDUS ANA DONO SWARA LORO KANG AREP MENEHI PENGUMUMAN MARANG RAKYAT.

042. DANA SWARA I : Wis saiki nindakake kuwajiban, sing ngumumke aku apa kowe Dhi?

043. DANA SWARA II : Haaya kowe ta Kang, wong sing nampa dhawuh kowe kok, apike ditliti dhisik aja nganti kleru le ngumumke.

044. DANA SWARA I : Dhi, cethane sang Prabu Putri Majapahit butuh wong sing wani ngasorake Menakjingga, saka Blambangan.Sing bisa menang bakal didadekake senopati lan diwenehi bebungah.

045. DANA SWARA II : Kang ,wis cetha, aku sing nabuh bendhe, kowe sing ngumumke.

350

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~