155. JURAGAN GUDEG: “Weh… kok iso neng kene?”
156.RINI : “Pak pelakune niku bapak kula. “
157.SIMBOK : “Rini.. kowe ojo ngawur.”
158.RINI : “Mboten mbok niki kula jujur.”
159. SIMBOK : “Opo buktine ?”
160. RINI : “Dompet niku kula temukaken wonten ing mriki mbok…”
161. SIMBOK : “Kui durung cukup nduk.., saiki bapakmu endi?
ADEGAN XVI
BAPAK METU
162. BAPAK : “Ngopo-ngopo ?” (nyelelek)
163. SIMBOK : “Pak opo bener bapak sek nyopet duwite Pak Slamet.”
164. BAPAK : “Ngawur wae kowe.”
165. RINI : “Pak….sakestu pak, ngaku mawon pak.!”
166. BAPAK : “Kowe pancen bocah kurang ajar.!!!”
167. RINI
- “Pak kula nyuwun sepindah niki mawon!! Kula gadah Pangarepan supados bapak ngaku kemawon!”
168. SIMBOK : “Ho’o… pak, bapak durung pernah to nuruti kepinginan Rini..?” saiki pak wektune, ojo meneh ki ono sayembara bakalane nek ngaku dikeki tikel-tekuk pak..”
169. RINI : “Mboten mbok.. kula ngengken bapak ngaku mboten Amargi sayembara niku ananging, kula mboten purun luputipun bapak tambah kathah, nek menawi wonten kesempatan ngakun geh.. di dimanfaatke kanthi becik.”
170. BAPAK : “Hahaha… Yonek sayembara kui tenan?” delok deweke Suing, ora ana rupa kayo wong sugih..,nek pancen sugih Mestine numpak rodopapat , dhandan necis,mlipis..”
171. JURAGAN GUDEG : “Aku pancen suing ananging iki kartu namaku.”
340
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~