121. SIMBOK: “Inggih nuwun.” ayo.. saiki mulih wae!” simbok wes kesel
122. JOKO : “Yo.. ayo mbok.?”
ADEGAN XXI
SIMBOK, RINI, LAN JOKO MULIH, BANJUR NENG KAMAR
123. SIMBOK : “Kowe sekolah ora Rin.?”
124. RINI : “Mboten Mbok, sekolahan nembe dingge pendaftaran siswa.”
125. SIMBOK : “Ow yowis malahane kowe tunggu omah yo.. bapakmu neng kamar.”
126. RINI : “Inggih .. Mbok.”
127. SIMBOK : “Aku tak lungo sedelok neng bank ro adimu.”
ADEGAN XXII
SIMBOK LUNGO BANJUR RINI SAKING PENASARANE ADEGANAN DOMPET DEWEKE NEKAT TAKON BAPAKNE.
128. RINI : “Aku penasaran banget aku kudu wani takon, aku kudu Genahke, aku wegah opo sek tak pangan mubengi seko duwit haram.” pakpak.”
129. BAPAK : “Ngopo ?
130. RINI : “Pak kula niki namung tanglet geh..”
131. BAPAK : “Ho’o takon opo ?
132. RINI : “Ananging bapak ampun nesu geh..”
133. BAPAK : “As… cepet!.”
134. RINI : “bapak kok saget maringi arto kaliyan simbok niku pripun Pak?”
135. BAPAK : “Opo urusane karo kowe?.”
136. RINI : “Pak niki kula nemukaken wonten ing ngajeng, niki kagungane juragan gudeg asmanipun Pak Slamet ten riki wonten KTP nipun.”
137. BAPAK : “Yo.… ngopo ?”
138. RINI : “Pak Slamet niku kicalan arto Pak ?” banjur Pak Slamet ndamel sayembara pak.. menawi pelakunipun ngaku Pak Slamet ajeng maringi
tiket-tekuk pak..”
338
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~