107. MBOK SABAR
Aduh…Le, Simbok yo ra ngerti, je. Takon wae njajal karo asisten. Wis tak gaji perbulan luwih seka gaji DPR, je.
108. ASISTEN
(ngetutke neng mburine Mbok Sabar karo nggawa laptop) Mbok… ngapusi iki. Aku mung digaji krupuk we.
109. MBOK SABAR
Huuussh (nablek asisten)
110. ASISTEN
999 gadis tuan dan 111 banci ing desa sebelah.
111. ANDHE-ANDHE NGLUMUT
hah? Bancine di cancel. Aku wegah padakke aku maho! Mbok, aku pengen gek nikah. Lumuten aku wisan.
112. MBOK SABAR
Mbok sabar
113. ANDHE-ANDHE NGLUMUT
Lha yo jenengmu ta, Mbok!
114. MBOK SABAR
Huss. Ora ngono kuwi. Kowe iki wis kebelet tenan ta, sabar! Ben engko lak lumute ilang nek wis oleh gadis bening.
DUMADAKAN KEPRUNGU MUSIK CAMPUR SARI, PENGIRING PARA KLENTING TEKA
115. Para Klething
(koor) Kulanuwun… spadaaaaaa…
116. MBOK SABAR
(akon asisten) Kono, Ten! Mungkin sing dha arep nglamar.
117. ASISTEN
(marani para klething) Kene-kene dhuh cah ayu. Tak datanedhisik ya (mbukak laptop) pendaftarane ana syarate lho!
118. KLETHING UNGU
Lho kok persyaratan barang?
119. KLETHING ABANG
Tuan asisten…awakke dhewe ki kurang ayu po piye? (tepasan)
120. ASISTEN
Heh…! Ojo dumeh ya….! Nek ra gelem lunga wae!
324
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~