BANJUR YUYU KANGKANG LUNGGUG ING PINGGIR PANGGUNG SINAMBI CELINGAK-CELINGUK.
087. YUYU KANGKANG
Kok sepi ya? Ah tak leren dhisik kesel aku njoged-njoged.
BANJUR PARA KLETHING MASUK PANGGUNG.
088. KLENTHNG ABANG
Wah…kok sepi, ora ana prahu iki.
KABEH KLETHING DADI RIBUT NGGOLEKI PRAU. DUMADAKAN TEKA YUYU KANGKANG NAWAKKAKE JASA.
089. YUYU KANGKANG
(mesem-mesem) Dhuh kanak…nona-nona cantik-cantik iki badhe tindak pundi?
090. KLETHING IJO
Wah…ana yuyu kangkang. (nyedaki yuyu kangkang) Yuyu kangkang sing bagus dhewe ngalahke kucingku neng omah, aku mbok diewangi nyabrang. Aku karo sedulur-sedulurku arep nemoni andhe-andhe nglumut.
091. YUYU K ANGKANG
Oh, arep neng ndeso dhadhapan. Arep menemui AndheAndhe Lumuten, ta ya? Oleh-oleh, nanging mengko mulihe nraktir aku maem mi ayam neng nggone pak senen? (ekspresicuek)
092. KLETHING ABANG
Wah, adoh banget. Ndadak neng negara ngendi kuwi.
093. YUYU KANGKANG
Waah…nek emoh ya uwis. Tak lunga! (karo arep ninggalke para klething)
KABEH KLENTING KATON BINGUNG.
094. KLETHING ABANG
(gawe) Eh…eh! Ojo lungo! (nyedaki yuyu kangkang) Yuyu kangkang…bagus dhewe, nggantheng, pisan-pisan gratis, ya.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
321