065. MBOK RANDHA
kowe mau ki ngapa? Njoget-njoget kaya wong kesurupan. Ceniningan ngono kuwi.
066. Dancer 2
(ngukur sirahe karo ngguyu) Hehehe, ora ngapa-ngapa, Mbok.
067. MBOK RANDHA
Yowis gek bali meneh. Ngati-ati.
068. Dancer 1
Ora disangoni, Mbok?
069. MBOK RANDHA
Mbok mu pa? Kono gek lunga.
070. Dancer 2
Woooo dhasar pelit! Wes tuwa pelit meneh! (Karo mlayu)
071. MBOK RANDHA
(nguncalke sandal) Dhasar dancer semprul. (nesu) WONG EDYAAAANN!
072. KLETHING KUNING
Uwis, Mbok dinengke wae.
073. MBOK RANDHA
Ho oh cah ayu. (bengak-bengok) Anakku, cepet mrene, Nok. Ana kabar apik iki! Cepet mrene!
PARA KLETHING MLEBU PANGGUNG. MLAYU-MLAYU
074. PARA KLETHING
(koor) Ana apa, Mbok?
075. KLETHING ABANG
Kok bengak-bengok ki ngapa to, Mbok? Kaya babon wae arep ngendhog.
076. KLETHING UNGU
Hussh karo simbok ora pareng ngono kuwi.
077. KLETHING ABANG
(angop) Lha mbokmu kuwi ngganggu wong turu.
078. KLETHING IJO
(nggetak) lha ya mbokmu barang!
079. KLETHING BIRU
Wis gek dirungokke malah da kaya blengur.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
319