034. KLETHING ABANG
Alaah…wis ta mbok! Ora guna nanggepi wong iki. Aja-aja teroris, Mbok engko.
035. KLETHING IJO
Woh, anak buahe osama bin sarden, Mbok.
036. KLETHING UNGU
Osama bin Laden. Sarden barang melu.
037. KLETHING IJO
Ya pokoke kuwi lah.
038. MBOK RANDHA
Uwis-uwis aku malah bingung iki. (Nyedhaki Klenting Kuning). Nduk, Cah Ayu Simbok oleh–oleh wae nek arep bobok kene. Nanging kowe kudu sregep ngewangi simbok ya? ngedusi wedus, ngarit, ngasahi piring, gelas, umbah-umbah..
039. KLETHING KUNING
(Nyela) kosikik, Mbok. Kok aku malah kaya dadi TKI ki
kepriye??.
040. KLETHING ABANG
(Nggetak) Gelem ora?
041. KLETHING KUNING
Ampun, Mbok. Kula purun. (ngambung tangane mbok randha nganti klething2 liyane risih) nuwun ya mbok.
042. MBOK RANDHA
Iya…iya…iya…eh, jenengmu sapa ta nduk?
043. KLETHING KUNING
Ra reti, Mbok ! (bingung karo kukur-kukur sirahe) jenengku sapa ya?
044. KLETHING IJO
Weh, lha malah takon? Lha kowe anake sapa masak ra ngerti jenengmu?
045. MBOK RANDHA
Wis, wis malah padu meneh mengko. (tempo) mmm… klambimu kuning.
046. KLETHING KUNING
Ho oh, Mbok. Masak yo ireng kaya ngene.
047. MBOK RANDHA
Woo tak jenengke klething kuning wae yo ?
316
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~