024. KLETHING ABANG
Ana apa? Arep ketemu sapa sampeyan?
025. KLETHING KUNING
Anu Mbak, Ora ketemu sapa-sapa mbak. Aku wis ra duwe ibu ro bapak (hooooo—miris) aku oleh numpang bobok ora? pleaseeeee…aku ra duwe panggonan meneh. Aku ki pengembara seko aduuuuuoooooooh banget (karo ngobahke tangan)
026. KLETHING IJO
APA? (KAGET) Arep numpang kene ? Ora isoh!
027. KLETHING UNGU
Luwih becik kowe lungo wae lah. Ngapa jal mrene? sedulur
udu, kenal yo ora.
028. KLETHING KUNING
Pleaseee… aku gelem ngapa wae wis, mbok njaluk tulung. Aku gelem kok kerja apa wae, nyapu lan sakpanunggalane.
029. KLETHING BIRU
Plas plis plas plis! Basamu, Nduk le kebarat-baratan nganti kebur aku. Wis ora isoh!
NANGING KLENTING KUNING ISIH MEKSA NGANTI PADHA RIBUT. MBOK RANDHA TEKA NGRUNGOKKE SING PADHA PADU.
030. MBOK RANDHA
Heh, heh ana apa iki? Kok dha padu. Ora becik ah cah wadon kok padu. Mbok ngewangi simbok masak apa piye. (Nyedhaki klenting kuning). (Kaget) Lho… sapa iki? Kok ayune kaya Dewi Ratih?
031. KLETHING KUNING
Mbok…aku ora duwe sapa-sapa maneh. Aku kesasar. Aku ra ngerti mbok kudu neng ngendi meneh. Aku nginep kene ya mbok? aku dadi anakke simbok. Simbok rak durung duwe anak ayu banget kaya aku ...(huuu sorakan saka penonton)
032. KLETHING UNGU
Eh ayu aku yo tinimbang kowe. (mlengos mbabitake rambut)
033. MBOK RODHO
(takon karo anake) Plis-plis iku apa, ta Nduk?
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
315