TERUS MBOK RANDHA METU DIKANTHENI GENDHING JAWA. PARA KLETHING PADA METU
002. KLETHING ABANG
Assalamu’alaikum (Nggawa tepas karo tepasan, praupane menor)…para sesepuh…ndherek nepangaken, kita sedaya klething anakipun Mbok Randha. Kula klething abang, sing paling tuwa nanging taksih kaya cah enom kok.
003. KLETHING IJO
Nami kula klething ijo ( lemot ngomong kaya wong Jawa tulen )
004. KLETHING BIRU
Nek kula klenting biru ( kaya rock n’ roll )
005. KLETHING UNGU
Nek aku klething ungu, terong-terong sambel enak.
006. KLETHING ABANG
Para kanca, awakke dhewe ki manut karo simbok. Wong mbiyen sing marakke awakke dewe iso ndelok wong nggantheng. Ho oh ra, Kang ? ( ho oh dhik ).
007. KLETHING IJO
Awakke dhewe ki urip mung sepisan, ora dibaleni meneh lho. Mulo kuwi aja disia-siake le urip.
008. KLETHING ABANG
Eh, dhik ayo gek ngewangi masak simbok. Jare arep masak tewel, je.
009. KLETHING UNGU
(njawil) Kok ra masak sambel terong to, Mbakyu ?
010. KLETHING IJO
Ah lha aku pengen spagetti, je.
011. KLETHING ABANG
Spagetti ki apa to, Nduk? Panganan model apa kuwi. Kok aku durung tau krungu.
012. KLETHING IJO
Wo lha mbakku ki katrok. Ho oh to para kanca ? ( ho oh ) mesti ra kenal Justin Bieber barang.
013. KLETHING UNGU
Wah aku ra pengen justin bieber, aku pengen ketemu karo Gayus.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
313