Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/330

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

094. Bams : “Rasah, aku nulungi kowemung arep balas budi. Saiki aku ra duwe utang karo kowe.”

095. Gendhis : “Dakobati sik ya?”

096. Bams : “Rasah, ndhakne aku duwe utang meneh karo kowe.”

097. Gendhis : “Ora. Aku ikhlas kok.”

098. Bams : “Rasah, rasah, rasah.” Bams lunga.


ADEGAN X

BAMSMLAKU MONDHAR-MANDHIR NING TERASOMAHE

099. Bams: “Akhire usahaku sesasi iki wis isa maju. Nanging kok pikiranku isih ora tenang. Pak Parman teka lan lingguh ning kursi.

100. Pak Parman : “Koweki ngapa? Usahamu eneng masalah papiye?

101. Bams: “Ora, Pak.”

102. Pak Parman : “Lah terus ngapa?”

103. Bams: “Ming akhir-akhir iki aku kepikiran Gendhis terus?” (Lingguh ning jejere Pak Parman)

104. Pak Parman : “Bukane kowe mbiyen sengitkaro Gendhis.”

105. Bams: “Telung sasi, pasaku lara dhekke ngancani aku. Nanging wis sesasi iki, sakwise aku mari dhekke wis arang ngetok. Aku dadi kepikiran Gendhis terus, Pak. Nek dimat-matke dhekke ayu banget sih.” (ngengetkendhuwur karo bayangke Gendhis) “Mripate ndamar kanginan, alise nanggal sepisan, irung kencana pinatar, lambene nggula satemlik, pawakane ramping, watake andhap asor. Ngapa biyen aku sengit banget karo kae ya?”

106. Pak Parman : “Kok takon Bapak? Le, kowe seneng, tresna tenan karo Gendhis, mbok gek dang omong.”

107. Bams : “Apa Gendhis gelem nampa aku?”

108. Pak Parman : “Kowe kan durung nyoba. Nek ora ditampa ateges dudu jodhomu, nek ditampa ya syukur. Wis gek dhang kono!”











= Bantul Sangsaya Pinunjul = 309

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

309