081. Gendhis : “Enak wae. Padhaken kaya kanca-kancamu. Kekancan ming nginceng dhuwitmu.”
ADEGAN VIII
BRAM TEKA KARO SARAH, JHON, TONO, LAN TINA
082. Bram : “Wah . . . sepasang orang miskin agek hyang-hyangan.” Padha ngguyu kajaba Bams lan Gendhis.
083. Sarah : “Mesrane . . ., ha ha ha . . .”
084. Bams : “Hei! Aja ngawur nek omong. Aku karo Gendhis ora eneng apa-apa.”
085. Tono : “Wis, wis, wis. Nek ora eneng apa-apa ya ora pa-pa. Ateges aku isih duwe kesempatan methukke cah ayu iki.” (nggodhani Gendhis)
086. Jhon : “Ora ming kowe sing pengin cah ayu iki, aku ya pengin.”
087. Tina : “Cah wedok kaya ngono kok dha direbutke?”
088. Sarah : “Tenang wae Tin. Wong miskin kaya ngono paling dha nggo dolanan. Nek wis jeleh terus diguwang.” Padha ngguyu. Gendhis nampar pipine Sarah.
089. Gendhisaa : “Kowe ora pantes ngomong kaya ngono kuwi karo sing padha-padha cah wedok.”
090. Sarah : “Wani-wanine kowe nampar aku.”
ADEGAN IX
SARAH AREP NJAMBAK GENDHIS NANGING TANGANE SARAH DIGUJENGI LAN DIPUNTIR KARO BAMS. BRAM NESU LAN NGANTEM RAINE BAMS. BAMS TIBO
0226. Bram : “Kurang ajar kowe. Ayo lunga! Ora guna ngladeni wong miskin.” Bram lan kanca-kancane lunga.
091. Gendhis : “Kowe ora pa-pa?”(ngewangi Bams ngadeg)
092. Bams : “Ora pa-pa.”
093. Gendhis : “Matur nuwun.”
308
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~