061.Pak Parman : ‘Le! Urip kuwi kaya rodha, kadhang ning dhuwur kadhang ning ngisor. Uwong kuwi ora ajeg ning dhuwur terus, sesuk ki mesti ning ngisor.”
062. Bams : “Halah.”
063. Pak Parman : “Bocah dikandhani kok maido."
064. Bams: “Uwislah pak. Jeleh aku ning ngomah.” (Jipuk tangkat)
065. Pak Parman : “Arep ning ngendi kowe ki? Dikandhani wong tuwa kok malah lunga?”
066. Bams : “Ning cakruk, jeleh ning ngomah.” (metu)
067. Pak Parman : “Bocah jaman saiki.” (geleng-geleng)
ADEGAN VII
BAMS LINGGUH NING CAKRUK.
068. Bams : “Nasib, nasib. Sikil putung, dhuwit ora duwe, kanca yo ora duwe.” Gendhis teka, marani Bams.
069. Gendhis : “Kowe ngapa dhewe ning kene?”
070. Bams : “Sakkarepku ta.”
071. Gendhis : “Biasane ngumpul karo kanca-kancamu, saiki kok dhewe?
072. Bams : “Wewed.”
073. Gendhis : “Ditakoni apik-apik, jawabe sembrana.”
074. Bams : “Kakeyan cangkem. Mentang-mentang wis nulungi aku terus sakpenake dhewe nyeraki aku.”
075. Gendhis : “Sombong temen, wis dadi wong miskin isih wae sombong.”
076. Bams : “Terus ngapa? Dudu urusanmu ta?”
077. Gendhis : “Nek ngerti kaya ngene, ngertiya rasah daktulungi. Wisditulungi wae tetep isih sombong, sakkepenake dhewe.”
078. Bams : “Pamrih.”
079. Gendhis : “Sapa sing pamrih?”
080. Bams : “Kowe kuwi. Wong kaya kowe kan nulungi mesti eneng apa-apane.”
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
307