ADEGAN I
NING CAKRUK PINGGIR DALAN CILIK. AWAN-AWAN BAMS, SARAH, JOHN, TINA, LAN TONO NGOBROL
01. Tono : “Bams, jarene kowe arep ditukokake montor karo bapakmu?”
02. Bams : “Hooh.”
03. Sarah : “Wah . . . sesok nek wis ditukokke, mlaku bareng ya?”
04. Bams : “Sarah arep lunga ning ngendi wae dakterke, ning kutub utara we dakterke.”
05. Tina : “Gombal.”
06. Jhon : “Karepmu gombal amoh?” Padha ngguyu.
ADEGAN II
BAMS NGGUYU KEMEKELEN KARO MLAKU MUNDUR NGANGSI TEKAN TENGAH DALAN, DITUBRUK BOCAH CILIK (BOCAH1) SING AGEK PEPLAYONAN KARO KANCANE (BOCAH2).
07. Bams : “Adhuh.” (tiba)
08. Bocah1 : “Nyuwun pangapunten, Mas”
09. Bocah2 : “Nyuwun pangapunten Mas. Kanca kula boten sengaja.”
010. Bams : “Enak wae. Takpikir nek wis jaluk pangapura terus perkarane rampung” (Jewer bocah cilik loro karo nesu-nesu)
011. Bocah1 : “Ampun Mas, Ampun. Kula boten sengaja.” (nangis)
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
303