ADEGAN 12
WONTEN ING TAMAN. AMRI KETEMU KARO AUDRI.
115 Audri : Amri, hiks…hiks…hiks… (nangis)!
116 Amri : Eh, kowe. Rasah ndadak nggo nangis barang. Ana apa e?
117 Audri : Amri! Gara-gara aku ora iso krama karo Eyangku. Aku ora sido entuk gelar ratu saka Eyang.
118 Amri : Hahaha… lagipula aneh nek jenengmu nganggo gelar barang, “Raden Rara Audri”, ora cocok!
119 Audri : Dudu gelar sing kuwi tapi luwih apik meneh.
120 Amri : Kenopo kowe ora entuk gelar kuwi?
121 Audri : Wah… kuwi kuping apa wajan e? aku mau wis ngomong to! Aku ora iso basa krama nganti Eyang Kakungku kambuh jantunge.
122 Amri : Hahahaha… sukur! Salahmu dhewe to kowe malah sinau Basa Jepang.
123 Audri : Yo ben to!
124 Amri : Terus ana perlu apa karo aku, apa mung arep curhat iki?
125 Audri : Mri… aku pengen tok ajari basa Krama sing apik. Wektune mung seminggu iki Mri, nek seminggu iki aku ora iso Krama aku bakal kelangan gelarku.
126 Amri : apa? (kaget) seminggu?? Kurang suwe ora kuwi, nggo ngajari bocah kaya kowe ngene ki?
127 Audri : Lha terus kepiye meneh, huhuhuhu… (nangis).
128 Amri : Wis rasah nggo nangis barang, kaya cah cilik. Mengko dikirane aku ngapa-ngapake kowe meneh. Meneng!
129 Audri : Aku wis meneng,
130 Amri : Tapi ana syarate!
131 Audri : Ndadak nggo syarat-syarat barang to, wis wegah aku! (lunga).
132 Amri : Eh… tunggu (nggeret tangane Audri) Syarate gampang kok!
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
299