100 Eyang Kakung: Apa Ibumu karo Romomu ora ngajari kromo nek karo wong sing luwih tuwa?
101 Audri: Uwis Yang! Romo karo Ibu wis ngajari aku basa Kromo. Tapi aku lali Yang!
102 Eyang Kakung : Kepiye aku iso menehi gelar karo kowe Nduk, nek kowe wae ora iso kromo.
103 Eyang Uti: Mboten sios mawon pripun Romo?
104 Eyang Kakung: Tiwas wis tak jagake e nduk kowe ki. Eyang pengen Kowe kuwi dadi panutan. Dadi keturunan ningrat kang becik.
105 Eyang Uti: Putune mboten namung Audri, Romo!
106 Audri: Ampun, Uti! Ampun, Kakung! Kula gelem dike’i gelar kuwi mau. Aku janji Yang, aku bakalan belajar basa Kromo! Aku janji!!
107 Eyang Kakung : Wis telat Nduk! Seminggu mengkas Romo kedah menehi gelar karo putuputune Romo.
108 Eyang Uti : Kromo kuwi penting Nduk! Aja mung disepelekake. Lha kowe sekolah nang UGM kuwi, sing tok sinau ki apa?
109 Audri : Kula nang UGM sinau Bahasa Jepang, Yang!
110 Eyang Kakung : Walah Nduk, basane wong liya tok sinau ananging basamu dhewe tok laleke(serangan jantung mendadak).
ADEGAN 11
111 Eyang Uti: Romo!!! Iki kabeh salahmu Tanti, kenapa putrimu ora tok ajari Kromo sing bener!
112 Tanti : Kula nyuwun pangapunten Biyung! Menika lepat kula sedaya.
113 Eyang Uti : Ayo Eyang diewangi! Telfon Rumah sakit!
114 Audri: Ho’o, Yang!
298
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~