081 Audri : Masak apa ya Bu? Eyang kuwi duwe akeh pantangan e…
082 Tanti : La iyo, tiwas Ibu mau malah tumbas Daging Lembu. Wah masake apa ya nduk? Ibu lali e… nek Eyang kuwi duwe akeh pantangan.
083 Audri : Masak sayur bung wae piye Bu?
084 Tanti : Muga-muga Eyang mboten gadhah pantangan dhahar bung ya Nduk!
085 Audri : Yo wis Bu, dimasak saiki wae, wis onten bahane to Bu?
086 Tanti : (mbatin) Kepiye nek seumpamane mengko Audri ditakoni Eyange, le njawab apa iyo nganggo ngoko ngono kuwi.
087 Audri : Loh ibuk ki malah ngelamun. Ayo masak buk!
088 Tanti: Ho’o nduk.
089 Audri: Kok ngelamun mikir apa to buk?
090 Tanti: Ora nduk! Ibu ora mikir apa-apa.
SAKRAMPUNGE MASAK SAYUR. BU TANTI NYOBA MASAKANIPUN AUDRI.
091 Tanti : (monolog) Luwih apik tak cobane dhisik masakane iki, (njajal maeman) wah kok radha kasinen yo! Wis lah yo ben. Wis kebacut!
092 Audri : Ayo buk…! Romo wis nunggu!
093 Tanti : Iyo nduk! Ibu mrana!
ADEGAN 10
LAMPU CUKUP TERANG. MUSIK TENANG. SAKTEKANE WONTEN RUANG TAMU. EYANG KAKUNG LAN EYANG UTI SAMPUN NUNGGU AUDRI LANGSUNG KANGENKANGENAN KALIH EYANGIPUN.
094 Eyang Kakung : Wis prawan putuku saiki…
095 Eyang Uti : Inggih Romo putune saiki jan ayu tenan.
096 Tanti : Menika Bu, kula betake sayur ingkang dimasak kaliyan Audri.
097 Audri : Dijamin enak Yang!
098 Eyang Uti : Lho nek ngendika kalih Eyang menika ngagem kromo. Dik Audri saged kromo to?
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
297