Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/307

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ne kae... Mbok ya aja ngono ta, Bu...Bu. Mesakake Gendhis, Bapak ya nganti sesek ndelok Gendhis nangis terus.

Bu Sugiyem :Ngapa meneh, to Pak? Ben wae Gendhis nangise saiki, dilit meneh nek wis kesel ya mandhek le nangis.

Gendhis :Huuu.. Huuu. Ibu, ki sejatine ngapa, ta Bu? Kok Gendhis digawe lara kaya ngene iki? huuaa.. huaa (tangise saya seru)

Pak Danul : Bu, mbok ora kaya ngene iki, Bapak ndak kuat liatnya naa,Sakit sekali hati bapak kodong liat anak gadis Bapak menangis. Mari mi kita bicarakan lagi baek - baek kodong. Kasian sekali mi anak ta’ ini.

Bu Sugiyem :Pak!! ya wis, to Pak, arep piye meneh? Ibu ki merga sayang makane ra ngijinke Gendhis dolanan biola. Kapan Bapak karo Gendhis bisa ngerti? Mbok ya aja nggawe ibu bengakbengok sedina ming nggo ngomong ora oleh, ora isa, karo ra sah to..!


GENDHIS YO MANDEK LE NANGIS..

Pak Danul : Liat dulu anakmu itu Bu, Ndak tega ka’ juga liat i. Mbok ditimbang–timbang meneh ki, lho Bu le ngomong. Ra waton nyelekop.

Bu Sugiyem : Nek Bapak karo Gendhis ora gelem ngerungokke omonganne Ibu, Mulai sak iki Ibu yo wis ra gelem ngomong karo Bapak lan Gendhis. Ngerti ra?! ( Pak Danul meneng). Pak ngerti ora Pak? (rada bengok). Mbok ya dimengerti, Gendhis ki ra isa weruh mripate. Kahanane kaya ngana, ya mbok aja reka-reka. Rungokke Ibu, ya nok. Gendhis ra bisa dolanan biola nek kahanane Gendhis kaya sak iki. Ngerti ra, Nok?

Gendhis : (Sentrap Sentrup) Ibu.. (Hiks.. hiks.. ) Gendhis ki pancen wuta ra isa ndeleng, kabeh kangdak tandangi katon peteng. Saiki arep main

286

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~