Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/306

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Genda

Sugeng sonten Bu Sugiyem. Kadospundi

kabaripun? (stay cool)

Bu Sugiyem : Oh, Kowe, ta. Kowe ki wong lanang ra nduwe aturan. Mbiyen Gendhis ora seneng dolanan biola tur ya ra tau ngelawan mbokne.Saiki gendhis kaya ngene ki, mesti kowe to sing nggawe?

Genda: Sabar…. Sabar, Bu. Mboten sae ngendika ngoten niku, mesakkaken Gendhis Lho, Bu. Kula naming ningali bakatipun Gendhis. Napa nggih klentu menawi kula mbiyantu ngembangaken bakatipun Gendhis main biola?

Bu Sugiyem: Wis.. Wis.. Keminter meneh. Mbok ya wis, to cah. Ora sah keakehan ngomong. Aku ngerti saiki. mesthi ide nek Gendhis arep tampil neng ulang taun desa ya saka kowe, to! Rasah ngimpi, kowe. Tok pikir Aku gelem apa, tok gawe isin neng ngarepe wong sekampung? Mbok didelok kahanane Gendhis. Apa kowe ya ra isa ndelok? Haaaaa (swarane soranantang)

Gendhis: Huuu.. Huuu (nangis amarga lara ati karo pocapane ibune)

Bu Sugiyem : Ayo bali! Kowe..! (nuding Genda) ra sah mrene maneh! Kanabaliya. Bakal ngerti kowe akibate nek aku ngerti kowe ngeracuni pikiran Gendhisnganggo biola meneh. Kana bali.

GENDA LUNGA NANGING TETEP TENANG.

Bu Sugiyem : Ayo melu Ibu . Bali. Wiwit saiki, Kowe ra oleh metu seka ngomah. Apa meneh doalanan biola karo cah kae. (Sinambi narik tangane Gendhis melebu omah)

Adegan 5 BENGI ING OMAHE GENDHIS. ( Properti : sofa & meja )

Pak Dinul : Ibu! (rada emosi) ngapa ngana sih, Bu ? Ibu ki wis ngelarani ati ne anak wedoke siji-siji

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

285