tanggapane wong-wong? Ra mbayangke aku !! ( karo lungo ninggalke bojone )
PAK DANUL MENG ISA NGELUS DHADHA KARO GELENG
- GELENG..
SABAR.. SABAR.
ADEGAN 4
Ing Taman mburi omahe Gendhis wayah sore. ( properti : Lincak, tanam-tanaman, & biola) Gendhis katon lungguh, meneng, mlongo karo nyekeli biolane.
Genda : Loh . loh . loh.. Cah ayu? ngapa e.. kog murung tenan? mbok digesek kae biolane.. ra mung dicekeli ngana kae!
Gendhis : Ora ana apa-apa Mas. Gendhis iki gek ra mood dolanan biola saiki.. Hmmh. (unjal ambegan)
Genda : Weh.. Ngapa, ta Dhik? kok sliramu katon banget le sedhih. Ana apa.. Ana apa? Mbok cerita karo Mas Genda! (ngerayu.... marakke Gendhis mesam-mesem geli )
Gendhis : Gendhis bingung, je Mas. Mau mbengi ki Gendhis ngerungokke Bapak padudon karo Ibu. Merga Gendhis, ya merga biola iki.
Genda : Oalah.. (meneng mikir) Nek Mas oleh nyaranke, mbok awakmu dhewe sing matur karo Ibu. Nek awakmu seneng main biola..
Gendhis : Ora isa mas. Ibu ra ngijinke Gendhis dolanan biola. bu isin banget nek Gendhis tampil ning ngarepe wong akeh. MergaGendhis ki wuta.
Genda : Weh.. weh.. weh.. ya ra ngomong ngana to, Cah ayu. Ibumu ki mung durung sadhar wae menawa putrine nduweni bakat sing luar biasa. Sabar ya..
UJUG-UJUG. . .
Bu Sugiyem : GENDHIS!!? Ngapa kowe neng kana ?? (swarane sora amarga nesu)
Gendhis : I.. i.. ibuu..? (panik)
284
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~