Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/303

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

isa mbujuk mbokmu..bahasa jawane wagu ) Pak Danul ngerangkul oundhake Gendhis, Nggawe tentrem ati anak kesayangane.

Adegan 2

Esuk . Ning Taman mburi omahe Gendhis. (properti : Lincak, Tanam-tanaman& biola) Bu Sugiyem Karo Pak Danul padha nyambut gawe. Biyasane tekan sore. Kadangkala nek rame ya tekan bengi. Kesempatan kanggo Gendhis dolanan biola ing taman mburi omah. Wis swasana tamane edum ketambahan swara biolane Gendhis sing syahdu tenan, marakke swasana dadi piyeee ngana. .

Genda : Prok prok prok..!! ( tepuk tangan) Wah.. makin apik wae permainan biolamu, cah ayu. Seneng mas ngrungokke.

Gendhis : (Kaget ujug-ujug keprungu swarane Mas Genda. Dheweke langsung mandeg dolanan biola ) Mas Genda ? Ngagetin wae. ( mesem )Ana apa, Mas,, Kok yahmene wis mrene?

Genda : Hahaha.. ra ana apa - apa. meng arep ngrungokke dirimu dolanan biola. Biolamu ki swarane wis dadi. Apik tenan, cah ayu.

Gendhis : Ah, apa ya iya, Mas. Gendhis ya isa dolanan biola nganti kaya ngene iki, ya Mas Genda to sing ngajari. nek ora ya ra mungkin, to Mas ? ( tersipu malu )

Genda : Piye, wis matur karo Ibu nek Awake dhewe arep ngisi acara duet biola ning ulang taun kampunge dhewe?

Gendhis : Durung, je Mas. Gendhis wedi karo Ibu. Ibu kan ra senengnek Gendhis main biola. Bingung, Mas. Gendhis arep piye le matur (sedhih )

Genda : Ahh.. Ya wis wis.. ra papa.. Santai wae. Isih akeh waktune. (karo ngelus rambute Gendhis sing ndhingkluk mesem).

Genda: Ya wis, yuk, gek diteruske wae le main biola. Bareng karo Mas Ganda, ya Dhik ( ngerayu)

282

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~