177. IBU : Yowis saiki ngene wae. Kowe arep dijodohke karo anake koncone bapak ben deke dadi bapak bakal anakmu sesuk
178. RITA : nanging nopo wong niku gelem kalih kula bu?kula dereng kenal kalihan wong niku. Kula nggeh mboten treno kalihan wong niku
179. IBU : lha sing mbok trenani sopo nok?
180. RITA : Nggih Bagas bu
181. IBU: Halah bocah kae. Opo sing arep mbok arepke seko cah koyo ngono?ora duwe tanggung jawab blas
182. RITA : Ibu mboten pareng ngendika ngonten. Ibu dereng tepangan kalihan Bagas
183. IBU : Hoalah nok..nok..wong koyo ngono kok tetep wae mbok belani.eling nok mergo deke kowe dadi ngene ki.kowe dadi kelangan sekolah mu
184. RITA : Nanging bu....
185. IBU : Wis rasah nggo nanging nanging. Pokoke saiki kowe nurut bapak karo ibu wae rasah nuruti ego mu. Nek kowe nuruti ego mu terus kowe bakal dadi kepiye
186. RITA : (nangis)....
187. IBU : Lho di kandani kok malah mrebes mili.wis nok rasah nangis.ibu tetep iseh sayang kok karo kowe.rasah wedi nek ibu bakal nyeneni kowe meneh.wis meneng nok
188. RITA: Nggih bu.matur nuwun. Kula kinten bapak lan ibu bakal mboten nganggep kula anake maleh
189. IBU : Yo ra mungkin bapak lan nganti tego ngono.sak nakal nakale kowe. Kowe ki tetep anake bapak karo ibu.
RITA URIP TENTREM LAN AYEM KALIHAN GARWANE.KABEH SENENG
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
279