BABAK VIII
NING KAMAR BAPAK LAN IBU MBAHAS MASALAHE RITA
159. BAPAK : Bu, pokoke Rita kudu ijab sak cepete mengko selak wetenge gede. Ndak tangga tangga do reti
160. IBU : Iyo pak. Tapi ijba ro sopo pak?calon wae ra duwe kok
161. BAPAK : Aku duwe konco. Anake konco ku kuwi wis mapan. Deke wis siap ijab. Gari golek bojo wae. nanging nganti saiki rung entuk entuk
162. IBU : Maksude bapak. Bocah kuwi sing bakal dadi bojo ne Rita?
163. BAPAK : Lha iyo...arep sopo meneh
164. IBU : nanging opo gelem bocah kuwi karo Rita sing wis ngandut? Gek sing iseh prawan we akeh kok lha iki kok arep karo sing wis ngandut
165. BAPAK : Husshh....bune iki ki nggo anake dewe lho. mengko tak ngomong karo kancaku. Muga muga konco ku setuju lan anake yo gelem
166. IBU : nanging nek Rita ora gelem piye pak?
167. BAPAK : Yo kudu gelem. Sopo meneh sing gelem karo Rita? Wong kae ra gelem tanggung jawab?
168. IBU : Kae sopo pak?
169. BAPAK : Yo sing nyebabake Rita ngandut
170. IBU : Bagas pak jeneng
171. BAPAK : Paling saiki bocahe mbalik ning asale
172. IBU : Lho deke dudu wong jogja po pak?
173. BAPAK : Udu jarene. Lho bune malah ra reti to. Yowis bune gek ngomong karo Rita bab ijabe deke
174. IBU : Yo pak..
BABAK IX
IBU NGOLEKI RITA NING KAMAR. NANING RITA ORA ONO. IBU NING PAWON KETEMU RITA BANJUR NGOMONG BAB IJABE.
175. IBU : Piye nduk kancamu kuwi gelem tanggung jawab ra?
176. RITA : Rita njaluk pangapuro bu. Konco ku malah lungo embuh nendi
278
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~