140. IBUK : Piring sing digowo Bapak tibo... kroooommppyyaaannggg.....
141. BAPAK : Opo? Kowe ngandut? Bocah ra reti diuntung. Di sekolahke ben pinter malah saiki ngandut. Ngisin ngisinke wong tua tenan kowe ki
142. IBU: Sing sabar pak. Dipikirke alon alon
143. BAPAK: Sabar piye to bune?nek wis ngeneki kudu iseh sabar?yo ngeneki akibate yen bocah ra nggugu kandane wong tuo. Iseh wae di belani terus
144. RITA : Kula njaluk pangapuro pak,bu. Kula rumangsa kula kleru. Kula sampun ngancurke pengarep arepe bapak lan ibu
145.IBU: Yowis rapopo nok saiki mikirke bakal bayimu
146.BAPAK: Pokoke bapak bayi iki kudu tanggung jawab
147.RITA: Deke ra gelem pak
148.BAPAK: Kuwi salah mu. Mbiyen mbiyen wis di kandani kowe ora gelem nggugu iki akibate nek ngeyel karo kandane bapak lan ibu
149. IBU: Uwis pak Rita ojo di seneni terus. Messakake
150. BAPAK: Mesakake piye bune. Iki yo bakal uripe sesuk kepiye.
151. IBU: Kuwi iso dipikir mengko pak
152. BAPAK: Mengko? Selak bayine lair. Opo arep lair tanpa ono bapake?tambah ngisin ngisini awak dewe. Opo jare tangga tangga. Duwe anak semata wayang kok mung gawe isin
153. IBU: Hush pak..mboten pareng ngendika ngonten. Onten Rita niku lho
154. BAPAK: Ben deke yo ngerasakke opo sing deke gawe wis kebangetan
155. RITA: Sampun sampun. Bapak lan ibu mboten sah ribut gara gara kula
156. BAPAK: Yowis bapak tak lunga disek
157. IBU: Arep nendi je pak?
158. BAPAK: Arep ning ngone konco ku
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
277