117. BAGAS : Ora ngono dek
118. RITA : Ora ngono? Lha kepiye? Kok koyone kowe wegah tanggung jawab ngono
119. BAGAS : Aku ki mung pengen mastekake. kuwi anak ku opo dudu
120. RITA : Kok kowe ngono to mas ro aku? Kowe kok ra percoyo banget ro aku ki
121. BAGAS : (meneng)...
122. RITA : Ngopo kok meneng? Ora iso ngomong? Wis to mas rasah ngelak. Pokoke saiki aku njaluk kowe tanggung jawab
123.BAGAS : Tanggung jawab piye dek
124.RITA : Yo kowe kudu dadi bojo ku
125.BAGAS : Maksud mu aku kudu ngijabi kowe ngono?
126.RITA : Ho o lah kok le arep penak banget ra gelem tanggung jawab
127.BAGAS : Kuwi ra mungkin dek
128.RITA : Lha ngopo kok ra mungkin?
129.BAGAS : Kowe iseh S M A dek
130.RITA : Aku ngeneki gara gara kowe mas
131.BAGAS : Aku njaluk ngapuro
132.RITA : Ngapuro mu ra ono guna ne saiki. Kabeh wes kebacut koyo ngeneki
BABAK VII
RITA BALI. RITA NJALUK NGAPURO KALIHAN BAPAK LAN IBUNE AMERGA RITA WIS NGANDUT.
133. RITA : Pak,bu kula bade matur
134. IBU : Arep ngomong opo to nok?
135. BAPAK : Ngomong yo gari ngomong kok repot
136. RITA : Hmm....sakderenge kula njaluk pangapura sing gede kalihan bapak lan ibu. Kula rumangsa kula ngeyel. kula mboten nggugu kandane bapak lan ibu
137. IBU : Walah nok..rapopo
138. BAPAK : Wis rasah kesuen. Langsung ngomong wae opo karep mu
139. RITA : (karo nangis) pak,bu kula ngandut
276
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~