101. BAPAK : Aku kurang sabar piye meneh bune. Aku wis sabar, nanging uwong kan duwe batas kesabaran dewe dewe
102. IBU: Lha iyo pak. Naning Rita kan..........
103. BAPAK: Wis lah bune rasah di teruske. Mbahas Rita malah awak dewe dadi padu
104. IBU: Yowis pak
105. BAPAK: Aku ki mung pengen Rita iso mjogo awake Rita dewe. nek kekancan ki ora gebablasan. engko nek gebablasan sopo sing isin? Yo awak dewe to nek nganti Rita ngandut
106. IBU : Hush...bapak ki..dongane mbok sing apik. Ojo koyo ngono kuwi
107. BAPAK : Uwes uwes...saiki ayo bune turu wae
108. IBU : Yowis pak
BABAK VI
RITA LUNGGUH NING NGISOR WIT BLIMBING. NUNGGU BAGAS KARO NANGIS.
109. BAGAS : Lho dek ngopo kok nangis? Ono masalah opo? Crito wae. Sopo reti aku iso bantu
110. RITA : (karo nangis)...aku pancen duwe masalah mas. Masalah iki pancen kudu diselesekke bareng bareng
111. BAGAS : Lho masalah opo? Kok aku barang melu?
112. RITA : A a a...kk kuuu...(karo sesengukan) nnggaann...dut mas
113. BAGAS : Hah??(kaget)..ora mungkin kuwi
114. RITA : Ora mungkin piye to? Iki jelas jelas anak mu mas
115. BAGAS : Aku durung percoyo nek iki anak ku. Sopo reti iki anak mu karo wong lanang liyo. Nanging kowe njaluk aku sing tanggung jawab mergo lanangan kuwi ora gelem tanggung jawab.
116. RITA : (nesu).. kowe ki piye to mas. Wis nindakke ora gelem tanggung jawab malah nuduh aku macem macem. Kowe arep lungo ho.o? arep mblenjani janji mu? Arep ninggalke aku? Arep mlayu seko tanggung jawab mu
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
275